Minggu, 14 November 2010

@Sega Jamblang #3



Gayus Award
“Tumben sih yu sepi sega jamblange?” takon Mang Dekok. “Iya kih Mang. Beli ngerti pada mendi uwong-uwonge. Biasa tah wa segae?” jare Yu Narti bari jukut sega jamblang telung iji.
“Mang ari sampean kih ngrungu beli Cirebon olih penghargaan kuh?” takon yu narti. “Beli jeh! Bagus lah, penghargaan apa kuen kuh yu? Hebat pisan!” jare Mang Dekok seneng ngrungue. Yu Narti cengar cengir bae. “Iku kuh penghargaan kota terkorup, seng lembaga surpei apakah arane mbuh!” jawabe Yu Narti. “Penghargaan apa Yu?” takon Mang Dekok penasaran. “Penghargaan kota terkorup mang!” Jawab Yu Narti maning.
“Wah...wah berarti pa wali kotae bakal diundang ning Jakarta kuh anggo nerima penghargaan.” Jare Mang Dekok. “Penghargaan apa Mang? Wong kota terkorup jeh?” takon Yu Narti.
“Gayus Award” jare Mang Dekok lempeng. (NC)

Calon Gayus
“Mendi Cung esuk-esuk wis rapih kaya pegawe bae” Takon Mang Dekok ning Dulgani sing tampil beda nganggo kemeja. “Arep ning Disnaker Mang, gawe kartu kuning.” Jawab Dulgani. “Nganggo apa gawe kartu kuning? Beli sekalian kartu abang bae tah?” Takon Mang Dekok Maning. ”Lah mang, kan skien kuh ana bukaan CPNS maning, mangkae kita arep gawe kartu kuning nganggo daftar CPNS.” Jare Dulgani setengah ngotot.
“Dul... gundul, sira kuh bocah males bae kuh gaya-gayaan pengen jadi CPNS.” Jare Mang Dekok bari nyengir kaya kuda. “Lah Mamang kih priben jeh. Justru karena isun males mangkae wani daftar CPNS.” Jare Dulgani. “Ngaco bae sira kuh!” sentak Mang Dekok. “Lah Kaya beli ngerti bae mang, budaya kerja ning kantor pemerintah. Deleng bae kah kecamatan. Esuk-esuk pegawe’e wis pada dolanan catur bari udad-udud, rada awan setitik kantore pindah ning kantin, terus tes kuen pada ngilang mbuh ngendi. Enak kang mang? Mangkae mang, wong males kaya isun kih cocoke jadi pegawe negri.” Jare Dulgani bari nyengir.
“Semprull! Ari niate blesak kaya konon sih, sira kuh daptar bae jadi Gayus sisan!” Jare Mang Dekok bari nyembur. (NC)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar